Minggu, 13 Januari 2013

Artikel Bahasa Jawa

Nama    : ERNA FITRI SUSANTI
NPM    : 11144600065
Kelas    : A2-11


                          Tembang Dolanan

Kanca - kanca ingkang datresnani, sakmenika aku bakal ngandharake bab kabudayan Jawa yaiku tembang dolanan. Jaman biyen wong tuwa biasane marahake anak-anake tembang dolanan supaya anake kuwi mau seneng, boten rewel, dolanan rukun kaliyan kanca-kancane, lsp. Tembang dolanan boten namung tembang, nanging tembang dolanan uwis dadi kabudayan Jawa kang perlu di gatekake sebab kenyataane ora sithik bocah-bocah jaman saiki kang kenal tembang dolanan.
Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane.
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangake dening waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

 Conto tembang dolanan yaiku :
Cublak-cublak suweng
Gajah gajah
Gambang Suling
Gundhul Pacul
Jamuran
Jaranan
Kidang Talun
Kupu Kuwi
Lir Ilir
Menthok Menthok
Padhang Bulan
Pitik Tukung
Suwe Ora Jamu
Te Kate Dipanah
Jothang alang-alang, lsp.


Ananging ing era saiki tembang dolanan sansaya ilang. Akeh bocah-bocah kang luwih milih lagu kanggo wong dewasa umpamane bab katresnanan lan musik modern. Sethitik bocah kang ngerti tembang-tembang dolanan, amargi saiki tembang dolanan dicap boten modern kanggo bocah-bocah. Tembang dolanan kalah dibandingke dolanan-dolanan ingkang nganggo teknologi modern umpamane PS, game online, lan sapiturute. Bocah saiki sampun kenal kaliyan HP, netbook, laptop, tablet, lsp beda kalih bocah-bocah jaman biyen.
Manut panemuku pribadi, tembang dolanan khas jawa iki kudu dilestarekake amargi tembang dolanan kuwi dadi kabudayan khas Indonesia khususipun Jawa. Uwis akeh turis-turis asing kang nyinau kabudayan Jawa, tembang dolanan inggih salah sijine. Aja nganti warisane budaya khas Jawa iki bakal diklaim negara liya.
Mula kuwi, kita generasi mudha kudu njaga kabudayan kang dadi warisan nenek moyang Indonesia. Tembang dolanan perlu ditularake kanggo generasi sesuk, aja nganti tembang dolanan mau bakal ilang amarga digeser kabudayan barat kang gawe bocah-bocah ora seneng kabudayane dewe lan bakal ngrusak moral bocah-bocah negara Indonesia.


By  : veerna susan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar